Pencarian
Banner
wikipedia Indonesia
Statistik

Total Hits : 921506
Pengunjung : 278656
Hari ini : 14
Hits hari ini : 166
Member Online : 1
IP : 216.73.216.126
Proxy : -
Browser : Gecko Mozilla
:: Kontak Admin ::

alanrm82    
Agenda
02 January 2026
M
S
S
R
K
J
S
28
29
30
31
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
1
2
3
4
5
6
7

LESTARINING BAWANA DUMUNUNG ING ASTANIRA

Tanggal : 08-10-2020 08:22, dibaca 970 kali.

LESTARINING BAWANA DUMUNUNG ING ASTANIRA

SMA 11 N SEMARANG MANGAYUBAYA PENGETAN “HARI HABITAT SEDUNIA

 

Lestarining Bawana Dumunung ing Astanira. Tetembungan kasebut minangka pepeling menawa lestarining bumi dadi jejibahane kabeh manugsa. Ora mung jejibahane pemerintah utawa lembaga preduli lingkungan ananging jejibahan kita sedaya.

Salah sawijining upaya kanggo jaga lestarining bumi, PBB ing taun 1985 netepake “Hari Habitat Sedunia” kang dipengeti saben dina Senen ing minggu kapisan sasi Oktober. Selaras karo upayane PBB, SMA N 11 Semarang nyengkuyung “Hari Habitat Sedunia” kanthi andum stiker kang isine slogan-slogan kanggo jaga lestarining bumi. Slogan-slogan kasebut minangka pangajak kanggo jaga karesikan, ngurangi uwuh utawa sampah plastik, lan sapanunggalane. Slogan-slogan kang didum marang sekolah binaan lan ditemplekake ana ing papan publik, diajab bisa dadekake pepeling kanggo kabeh warga kang maca.

Ora kaya jarkoni sing waton ujar tanpa nglakoni, pepeling kang ana ing slogan kasebut uga ditindakake kaluarga ageng SMA N 11 Semarang. Sanadyan kahanan lagi nggegirisi jalaran pandemi Covid-19, ora dadi pepalang tumrap krentege ati kanggo nindakake kagiyatan Jum’at bersih. Kagiyatan kang ditindakake dening Bapak Ibu guru karyawan, para siswa, sarta wali murid kasebut minangka bukti yen kabeh warga SMA N 11 Semarang preduli marang lestarining bumi. Ing Jumat bersih, Bapak Ibu guru lan karyawan reresik ruangan lan milah sampah kang bisa digunakake maneh (reuse lan recycle). Sawetara para siswa lan paguyuban nindakake kagiyatan kasebut ing daleme dhewe-dhewe.

Kagiyatan reresik lan pilah sampah kang ditindake kanthi berkelanjutan diajab bisa ngundhakake rasa melu handarbeni lan kudu melu hangrungkebi murih bumi bisa lestari. Jalaran lestarining bumi iki diwiwiti saka preduli sampah pribadhi.



TEAM ADIWIYATA SMANSE TEDUH

 



Pengirim :
Kembali ke Atas
Artikel Lainnya :
Silahkan Isi Komentar dari tulisan artikel diatas
Nama
E-mail
Komentar

Kode Verifikasi
                

Komentar :

Pengirim : THERESIA MELANIA SUDARWATI -  [thmsudarwati@gmail.com]  Tanggal : 10/10/2020
Semangat Team Adiwiyata


   Kembali ke Atas